contoh pidato bahasa jawa :
"PENGETAN DINTEN KARTINI"
"PENGETAN DINTEN KARTINI"
Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.
Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.
Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani.
Sumangga
langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa
ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged
kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan
salebetipun pahargyan pengetan dinten Kartini samang-ke punika.
Pangetan
dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. R.A.
Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing
bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang
karyanipun mligi kangge majengipun wanita wiwit duk rikala bangsa
Indonesia taksih dipuncengkerem dening bangsa penjajah.
Labuh
lebetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita.
Langkung-langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres
penggalih kangge majengipun bangsa. Panyengkuyungipun para wanita boten
saged dipunremehaken, malah kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan
majengipun bangsa punika.
Pancen
sampun dipundokrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang
kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing manah tansah makantar pindha
waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawanipun
lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumanem ngrembaka ing mahanipun
wanita Indonesia.
Sampun
cetha ing panggesangipun bangsa kathah wanita ingkang saged kiprah kadi
dene para priya ing babagan warna-warni. Ingkang makaten punika saestu
saged damel mongkoging manah.
Kanti
makaten punika sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken
gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang
boten kenging dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun
putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah
karya.
Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.
0 comments:
Posting Komentar